Srengenge
awan iki nggawe sapa wae pada males metu omah, nanging panas awan iki ora nyurutne
semangat Pak Mimin kanggo nggolek duwek digawe mangan lan kanggo kebutuhan
saben dina ne Pak Mimin lan bojone sing jenenge Sutinah, anak-anak Pak Mimin
pada wis rabi kabeh lan urip ing ibu kota, anak Pak Mimin ana 3 nanging, saiki ora
ana sing tau teka marang omahe. Saben dina Pak.Mimin budal menyang sawah, awane
Pak Mimin kerja ing bengkel ngarep gang. Wengi sakwise bengkel tutup Pak.Mimin
muleh menyang omah, tapi teko omah sing kudune Pak Mimin iku dilayani bojone
malah dadi sakwalike, bojone nesu amerga Pak Mimin mulih mung nggawa duwek
50.000.
“(tok…tok…tok) bu.. bapak mulih (tok…tok…tok) bu.. bapak mulih “
Pak Mimin sing ngeteni mbuka lawang omah Cuma ngelus dada deweke ngerti yen
bojone nesu amarga wingi Pak Mimin mung nggawa duwek 40.000.
“(ceklek) bapak wis teka, ayo mlebu pak
wis tak masakne digawe mangan, ayo” Sutinah sing seneng bojone mulih amarga bojone
mesti nggowo duwik luwih, ora kaya wingi sing mung nggawa 40.000 wae
“yo
bu, aku tak adus disek sakdurunge mangan, soale awakku pliket karo kringet”
jawab Pak Mimin kalem amarga deweke ngeti bariki bojone dadi nesu sakwise eruh
jumlah duwik sing digowo Pak.mimin
“iyo
pak, tak enteni ning kene ya” jawab Sutinah
30 menit sakwise
Pak Mimin
lan bojone mangan karo masakan sing dimasak Sutinah. Sakwise mangan, Pak.Mimin
lan bojone leyeh-leyeh ning ngarep tv,
Pak Mimin sing lagi ndelok sule ning tv ngguyu kepingkel-pingkel, tapi Sutinah
ora amarga sing dipikirne duduk sule sing main ning tv tapi mikirne duwik sing
dientokne bojone dino iki. Pak Mimin sing ngerti gelagat bojone langsung
ngrogoh duwik ning celanane.
“iki
bu duwik e, bapak mung entok 50.000 amerga dina iki bengkel sepi, lan aku durung
diwehi duwek Pak.Budi sing sawahe tak garap.” Pak.Mimin wis kroso yen bojone
bakale nesu
“oalah
pak, piye to, wingi mung entok 40.000 saiki 50.000 mundhak kok yo mung 10.000
sakjane kowe iki iso kerja apa ora, duwik kok Cuma sakmene wae” jawab Sutinah
karo mbesengut
“iyo
bu tak usahakne. Sepurane yo bu yen bapak durung isa nyenengne. Enten ana buk,
dilut engkas awakmu tak wehi duwik sing akeh” jawab Pak.Mimin
“awakmu
iki isa ne omong tok nanging ora tau ana wujude” jawab Sutinah tega
“sepurane
ya buk, wis saiki ayo turu” jawab Pak Mimin
“aja
turu ning kamar, turu ning kene wae awakmu” jawab Sutinah karo ngadek teko
ngarep tv lan mlaku menyang kamar
Isuk-isuk
Sutinah wis grasak-grusuk amarga bojone durung tangi padahal Pak Mimin kudu
budal ning sawah, amarga wingi bengi sakdurunge Pak Mimin lan sutinah turu,
“pak
ndang tangi…pakkk” Sutinah wis nesu-nesu amarga bojone durung tangi-tangi, di
obahne panggah ora tangi, akhire Sutinah njukuk banyu terus nggrujuk Pak Mimin
tapi sing di grujuk panggah ora tangi. Sutinah heran, bojone digrujuk panggah
ora tangi akhire Sutinah namatne dadane bojone kok ora munggah muduk akhire
Sutinah nyedek Pak Mimin kanggo mastikne yen irunge jek ngetokne ambekan opo
ora.
Sakwise
Sutinah eruh kondisi bojone Sutinah kaget lan langsung mblayu menyang tanggane
kanggo nulungi Pak Mimin, akhire tangga-tanggane mara lan mastikne kondisi
Pak Mimin.
“sing
kuat yo buk, bapak wis ora enek” jawab tanggane sing kerja dadi perawat ning
puskesmas desa
“opo?
Bojo ku mati?” jawab Sutinah karo nangis-nangis.
Ibu-ibu
pada nenangake Sutinah lan sing bapak-bapak nyiapne kanggo pemakaman lan
ngumumne yen Pak Mimin wis ora ana.
Berita
matine Pak Mimin wis diweruhi Pak Budi, akhire Pak Budi nglayat menyang omahe
Pak Mimin lan nggowo amplop sing isine surat tanah lan duwik atusan juta kanggo
Sutinah sing dititipne Pak.Mimin menyang Pak.Budi.
“bu
sing kuat nggih, iki wis ancen jalane Tuhan. Kita kudu sabar”
“nggih
Pak Budi maturnuwun nggih” jawab Sutinah sing panggah nangis amarga bojone
saiki wis dikuburne.
Sutinah
bingung sapa sing bakal kerja kanggo nyukupi kebutuhane, amarga anak-anak e wis
emoh ngurusi bapak lan ibune, Sutinah nangis kejer amarga selama iki nyikso
batin lan awak bojone kanggo nyukupi kebutuhane, Sutinah sadar yen selama iki
bojone wis kerja isuk sampek bengi kanggo deweke.
“bu,
iki amplop sing dititipne Pak Mimin ning aku, iki hasil seko kerja keras
Pak Mimin” karo nyerahne amplop ning Sutinah
“wis
buk ya, aku tak mulih sek” pamit Pak Budi karo nyalami Sutinah
“yo
pak, maturnuwun nggih” jawab Sutinah
1 minggu sakwise
Sutinah
sing arep mapan turu iling yen wingi kae diwehi Pak Budi amplop sing jarene
titipan teko Pak Mimin, akhire Sutinah njukuk amplop iku sing disinggahne ning
njero lemari lan ngetokne kabeh isine. Sutinah kaget isi seka amplop iku sing
isine surat tanah omah, duwik atusan ewu. Lan enek surat. Sutinah langsung maca
isi surat iku sing tibak e tulisan tangan Pak Mimin,
“bu, piye kabare? Yen awakmu maca
surat iki berarti aku wis gak enek, bu sepurane yen selama iki aku gong isa
nyenenge ibuk. Iki surat tanah kanggo samean buk, iki yo atas namane samean,
duwik iki sebagian ana ning bank sing atas namane awakmu, sepurane buk yen
bapak ninggalne ibuk, bapak ndungakne supaya anak-anak e tak dewe pada gelem
mulih lan ngrawat ibuk supaya ora dewean, aja nangisi aku buk, aku wis seneng
yen awakmu wis ikhlas tak tinggal. Sakmene wae buk sing iso tak tulis.”
Sakwise
maca Sutinah nangis ora metu suarane amarga deweke ndue salah akeh menyang
bojone lan durung njalok sepura.
Isuk-isuk
anak-anak Pak Mimin lan Sutinah pada mara menyang omahe mbiyen amarga anake
krungu yen bapak e mati minggu kae, anak-anak e ngerasa bersalah amarga slama
iki ora tau nyenengake bapak ibu ne.
Akhire
anak-anak e njalok Sutinah supaya melu ning omah anak-anak e, tapi Sutinah
emoh, deweke luwih milih tinggal ning omah kuwi, amarga ning kana akeh kenangan
karo bojone, anak-anak e sing ngerti akhire mutus ake yen ben minggu bakal
marani ibuk e ing desa.
Sutinah
sing seneng amarga anak-anak e mbalek dadi sedih maneh amarga iling bojone wis
gk ning kene, deweke nangis amarga ora bisa ngrasakne seneng bareng bojone,
tapi Sutinah ikhlas yen bojone wis mati.
-TAMAT-