Rabu, 24 Agustus 2016

Getun mesthi ana ing mburi



Srengenge awan iki nggawe sapa wae pada males metu omah, nanging panas awan iki ora nyurutne semangat Pak Mimin kanggo nggolek duwek digawe mangan lan kanggo kebutuhan saben dina ne Pak Mimin lan bojone sing jenenge Sutinah, anak-anak Pak Mimin pada wis rabi kabeh lan urip ing ibu kota, anak Pak Mimin ana 3 nanging, saiki ora ana sing tau teka marang omahe. Saben dina Pak.Mimin budal menyang sawah, awane Pak Mimin kerja ing bengkel ngarep gang. Wengi sakwise bengkel tutup Pak.Mimin muleh menyang omah, tapi teko omah sing kudune Pak Mimin iku dilayani bojone malah dadi sakwalike, bojone nesu amerga Pak Mimin mulih mung nggawa duwek 50.000.
“(tok…tok…tok) bu.. bapak mulih (tok…tok…tok) bu.. bapak mulih “ Pak Mimin sing ngeteni mbuka lawang omah Cuma ngelus dada deweke ngerti yen bojone nesu amarga wingi Pak Mimin mung nggawa duwek 40.000.
(ceklek) bapak wis teka, ayo mlebu pak wis tak masakne digawe mangan, ayo” Sutinah sing seneng bojone mulih amarga bojone mesti nggowo duwik luwih, ora kaya wingi sing mung nggawa 40.000 wae
“yo bu, aku tak adus disek sakdurunge mangan, soale awakku pliket karo kringet” jawab Pak Mimin kalem amarga deweke ngeti bariki bojone dadi nesu sakwise eruh jumlah duwik sing digowo Pak.mimin
“iyo pak, tak enteni ning kene ya” jawab Sutinah
30 menit sakwise
Pak Mimin lan bojone mangan karo masakan sing dimasak Sutinah. Sakwise mangan, Pak.Mimin lan  bojone leyeh-leyeh ning ngarep tv, Pak Mimin sing lagi ndelok sule ning tv ngguyu kepingkel-pingkel, tapi Sutinah ora amarga sing dipikirne duduk sule sing main ning tv tapi mikirne duwik sing dientokne bojone dino iki. Pak Mimin sing ngerti gelagat bojone langsung ngrogoh duwik ning celanane.
“iki bu duwik e, bapak mung entok 50.000 amerga dina iki bengkel sepi, lan aku durung diwehi duwek Pak.Budi sing sawahe tak garap.” Pak.Mimin wis kroso yen bojone bakale nesu
“oalah pak, piye to, wingi mung entok 40.000 saiki 50.000 mundhak kok yo mung 10.000 sakjane kowe iki iso kerja apa ora, duwik kok Cuma sakmene wae” jawab Sutinah karo mbesengut
“iyo bu tak usahakne. Sepurane yo bu yen bapak durung isa nyenengne. Enten ana buk, dilut engkas awakmu tak wehi duwik sing akeh”  jawab Pak.Mimin
“awakmu iki isa ne omong tok nanging ora tau ana wujude” jawab Sutinah tega
“sepurane ya buk, wis saiki ayo turu” jawab Pak Mimin
“aja turu ning kamar, turu ning kene wae awakmu” jawab Sutinah karo ngadek teko ngarep tv lan mlaku menyang kamar
Isuk-isuk Sutinah wis grasak-grusuk amarga bojone durung tangi padahal Pak  Mimin kudu budal ning sawah, amarga wingi bengi sakdurunge Pak Mimin lan sutinah turu,
“pak ndang tangi…pakkk” Sutinah wis nesu-nesu amarga bojone durung tangi-tangi, di obahne panggah ora tangi, akhire Sutinah njukuk banyu terus nggrujuk Pak  Mimin tapi sing di grujuk panggah ora tangi. Sutinah heran, bojone digrujuk panggah ora tangi akhire Sutinah namatne dadane bojone kok ora munggah muduk akhire Sutinah nyedek Pak Mimin kanggo mastikne yen irunge jek ngetokne ambekan opo ora.
Sakwise Sutinah eruh kondisi bojone Sutinah kaget lan langsung mblayu menyang tanggane kanggo nulungi Pak Mimin, akhire tangga-tanggane mara lan mastikne kondisi Pak Mimin.
“sing kuat yo buk, bapak wis ora enek” jawab tanggane sing kerja dadi perawat ning puskesmas desa
“opo? Bojo ku mati?” jawab Sutinah karo nangis-nangis.
Ibu-ibu pada nenangake Sutinah lan sing bapak-bapak nyiapne kanggo pemakaman lan ngumumne yen Pak Mimin wis ora ana.
Berita matine Pak Mimin wis diweruhi Pak Budi, akhire Pak Budi nglayat menyang omahe Pak Mimin lan nggowo amplop sing isine surat tanah lan duwik atusan juta kanggo Sutinah sing dititipne Pak.Mimin menyang Pak.Budi.
“bu sing kuat nggih, iki wis ancen jalane Tuhan. Kita kudu sabar”
“nggih Pak Budi maturnuwun nggih” jawab Sutinah sing panggah nangis amarga bojone saiki wis dikuburne.
Sutinah bingung sapa sing bakal kerja kanggo nyukupi kebutuhane, amarga anak-anak e wis emoh ngurusi bapak lan ibune, Sutinah nangis kejer amarga selama iki nyikso batin lan awak bojone kanggo nyukupi kebutuhane, Sutinah sadar yen selama iki bojone wis kerja isuk sampek bengi kanggo deweke.
“bu, iki amplop sing dititipne Pak Mimin ning aku, iki hasil seko kerja keras Pak Mimin” karo nyerahne amplop ning Sutinah
“wis buk ya, aku tak mulih sek” pamit Pak Budi karo nyalami Sutinah
“yo pak, maturnuwun nggih” jawab Sutinah
1 minggu sakwise
Sutinah sing arep mapan turu iling yen wingi kae diwehi Pak Budi amplop sing jarene titipan teko Pak Mimin, akhire Sutinah njukuk amplop iku sing disinggahne ning njero lemari lan ngetokne kabeh isine. Sutinah kaget isi seka amplop iku sing isine surat tanah omah, duwik atusan ewu. Lan enek surat. Sutinah langsung maca isi surat iku sing tibak e tulisan tangan Pak Mimin,
“bu, piye kabare? Yen awakmu maca surat iki berarti aku wis gak enek, bu sepurane yen selama iki aku gong isa nyenenge ibuk. Iki surat tanah kanggo samean buk, iki yo atas namane samean, duwik iki sebagian ana ning bank sing atas namane awakmu, sepurane buk yen bapak ninggalne ibuk, bapak ndungakne supaya anak-anak e tak dewe pada gelem mulih lan ngrawat ibuk supaya ora dewean, aja nangisi aku buk, aku wis seneng yen awakmu wis ikhlas tak tinggal. Sakmene wae buk sing iso tak tulis.”
Sakwise maca Sutinah nangis ora metu suarane amarga deweke ndue salah akeh menyang bojone lan durung njalok sepura.
Isuk-isuk anak-anak Pak Mimin lan Sutinah pada mara menyang omahe mbiyen amarga anake krungu yen bapak e mati minggu kae, anak-anak e ngerasa bersalah amarga slama iki ora tau nyenengake bapak ibu ne.
Akhire anak-anak e njalok Sutinah supaya melu ning omah anak-anak e, tapi Sutinah emoh, deweke luwih milih tinggal ning omah kuwi, amarga ning kana akeh kenangan karo bojone, anak-anak e sing ngerti akhire mutus ake yen ben minggu bakal marani ibuk e  ing desa.
Sutinah sing seneng amarga anak-anak e mbalek dadi sedih maneh amarga iling bojone wis gk ning kene, deweke nangis amarga ora bisa ngrasakne seneng bareng bojone, tapi Sutinah ikhlas yen bojone wis mati.
-TAMAT-

1 komentar: