iki nyritakake ngenani apalan Aksara Jawa pas wayah ulangan
Mbiyen pas cilik aku urip ing ndeso, tapi asline iku aku wong kutho, masio urip ing ndeso, aku yen sekolah panggan ning sekolah kutho.
Sawijining dino pas aku jek SD ana koncoku sing apalan ha-na-ca-ra-ka, pas kuwi aku yo bingung "apa kuwi ha-na-ca-ra-ka tulisane wes plenggak-plengguk koyok uler. tapi kok mbakku yo ngerti ha-na-ca-ra-ka. lak mbakku ngerti kudune aku yo ngerti." sing tak pegeli saben mbakku lan koncoku petuk an, aku mesti di kacangne, koyok-koyok aku iki ora enek,
Setahun kepungkur aku baru ngerti yen kuwi tibak e aksara jawa. tapi masio aku ngerti kuwi aksara jawa aku panggah ora iso aksara jawa, prasaku kuwi pelajaran sing paling angel dewe. sampek aku arepe mlebu smp jenenge aksara jawa aku panggah ora apal. opo maneh pas aku arep munggah ning SMP, bijine kan didelok seko kelas 4 sampek kelas 6, lha kuwi nggarai aku loro gara-garane bijiku enek sing 65 pas kelas 4. jedek en biji opo kuwi? yaa kuwi ngono biji BD. akhire aku saben ulangan basa jawa mesti sinau aksara jawa nganti mempeng ben apal, tapi yo ngono sakwise metu seko ruang ujian langsung lali wessan.
maturnuwun kula Paulina Abigail S
Tidak ada komentar:
Posting Komentar